Baline Macan Ireng

15

Januari 17, 2010 oleh sedjatee


Pawongan loro kang sesingidan ing rungkude papringan pinggir desa Glagah mau ngurubake rokok kanthi prayitna. Olehe ngrokok ya banget ngati-atine, sajake wong loro mau ora gelem ana kang nyumurupi anggone ndelik. Lemut kang padha nyokoti ora dipaelu, lha kok mung lemut, mimise pistol pulisi wae ora pasah natoni kulite wong loro kang kondhang sekti mau.

“Sajake desane aman Kang. Ora katon ana kang nyalawadi. Apa awake dhewe mlebu saiki, Kang?” pitakone pawongan sing awake cilik marang wong sing ana sandhinge. Sing ditakoni isih durung guneman. Pandelengane isih katon ngawat-awati desa ing sangisore gumuk. Sing pitakon mau ora sranta, banjur takon maneh, “Piye, Kang..?” “Meneng sik to, Reng. Pokoke yen durung ana aba saka Kampret utawa Prenjak awake dhewe kudu tetep ana kene.” Wangsulane sing diajak guneman tanpa ngedhepake pandelenge. Wong loro banjur meneng. Kabeh padha mratelakake pangrungune, mbok menawa ana aba saka njero desa kang nandhakake wong-wong iku bisa nglekasi pakaryan.

==##==

Saben wong ing pesisir lor Jawa Tengah kabeh wis padha kenal marang grombolan Macan Ireng, sawijining grombolan rampog, begal lan kecu. Grombolan kang wis misuwur olehe wengis lan tega pati marang para kurbane. Anggone ngrampog akehe ing tlatah pesisir lor. Dhek semana tau ngrampog sepur ekspress kang lagi mandheg ana setasiyun Weleri lan wis ora kepetung anggone mbegal bis kang ngliwati pesisir lor. Grombolan Macan Ireng dipandhegani dening Sumbogo kang diceluk kanthi sebutan Gogor. Durjana siji iku nate dipakunjara ing Plantungan Kendal kanthi paukum limang taun kurungan. Nanging durung nganti nem wulan dheweke wis kasil ucul sakwise mateni lan njupuk pistule sipir pakunjaran. Dene jeneng Macan Ireng kajupuk saka gambar ndhas macan warna ireng sing ana lengen kiwane Gogor.

Sakliyane Gogor lan Gareng kang ndelik ana mburi tanduran pring mau, uga ana wong telu kang ndelik sakmburine grumbul kang ora adoh saka kono. Sing jenggoten iku aran Jenggot, sing lemu iku Gudel dene sing untune rada mrongos diundang Cakil. Kabeh wong-wong mau padha cekel gegaman.

Teng… kurang luwih jam setengah loro bengi saka njero desa keprungu swara wesi cagak listrik disawat nganggo watu. Kang mbalang ora liya Prenjak. Wong lima mau banjur alon-alon metu saka pasingidane. Sing dituju omah gedhe wetan sekolahan. Omah apik panggonane pak Atmo Kebo, blantik rajakaya paling sugih ing kono. Miturut lapurane Prenjak lan Kampret kang patang dina iki nylamur dadi tukang angon lan juru ngarit kewane pak Atmo, juragan kewan mau lagi akeh dhuwite. Ora mokal awit saiki wis mlebu sasi Besar, wayahe wong padha tuku sapi lan wedhus kanggo ngibadah kurban. Wis mesti yen Pak Atmo Kebo sugih dhuwit. Sakliyane iku Kampret uga aweh lapuran menawa mbok Atmo uga nyimpen mas-masan, giwang kalung kang cacahe akeh. Dene kahanan omah digambarake aman.

Tanpa kangelan, durjana mau kasil ngrampungi pakaryane, kabeh enggal-enggal ninggalake omahe pak Atmo kanthi waspada. Dununge mangetan banjur ilang ing petengan. Esuke desa Glagah geger. Sanadyan ora ana rajapati, pak Atmo kapitunan gedhe …

==##==

Wengi candhake, ing satengahing Alas Roban, durjana pitu kang diarani grombolan Macan Ireng padha ngumpul sinambi klepas-klepus ngrokok. Sajake lagi andum kasile ngrampog ana omahe pak Atmo Kebo ing Kaliwungu. Mas-masan wis didol marang Babah A Hong, wong kang kulina nadhah barang colongan. Wengi iki wayahe andum dhuwit.

“Apa wis jangkep olehe ngumpul?” pitakone Gudel kang lagi teko.
“Mung kari Jenggot, geneya kok ora bareng kowe..?” sing sumaur jebul Kampret.
“Apa ora ana sing lunga karo Jenggot ta iki mau?” celathune Gogor.
“Ora ana ki, Kang..”
“Ra usah dipikir” sumaure Prenjak, “Dak kira lagi kangen-kangenan karo gendhakane Purwadadi”
kabeh padha gumuyu, banjur padha meneng sakwetara. Mung swarane kewan alas kang keprungu.

Dumadakan… “Aku teka kang” keprungu swarane Jenggot. “Angkat tangan…” ora kaduga panggonan ngumpule para durjana mau wis kinepung pulisi gegaman jangkep. Jenggot katuntun dening salah sijine pulisi kanthi tangan kang wis kabanda. Kahanan iku ngagetake para durjana kang lagi pada ngetungi dhuwit lali marang gegaman. Ana limolas pulisi kang ngepung grombolan Macan Ireng. Kabeh ngangkat tangane, sajak arep padha pasrah bongkokan.

Tanpa kanyana, sinambi ngangkat tangane, Gogor kasil ngetokake glathi kang diumpetake ana gigire. Glathi banjur kabalangake marang pulisi ing ngarepe. Kahanan dadi rame. Para durjana nyoba nglawan. Gogor lan Cakil pilih nrejang pulisi banjur mlayu. Tanpa rasa wedi wong loro mau mlumpat ing jurang kang ora adoh saka kono. Sakwetara pulisi padha ngoyak playune Gogor lan Cakil ing satengahe alas kang peteng mau. Nanging durjana loro kang wis apal dalan lan panggonan kuwi kasil ucul, lunga saparan-paran.

Esuke, koran-koran padha ngabarake menawa sebageyan grombolan Macan Ireng wis karangket maneh dening pulisi. Salah sijine kang aran Jenggot, kacekel ing purwodadi. Anggota Macan Ireng liyane yaiku Gareng lan Prenjak kacekel ing satengahing Alas Roban. Kampret lan Gudel kepeksa ditembak amarga nglawan nalika arep dicekel. Dene Gogor lan Cakil isih dadi golekane pulisi.

==##==

Telung sasi sakwise kedadeyan kagropyoke Macan Ireng, ana wong loro lagi lungguh ana pinggir kali Comal. Wong sing siji awake gedhe dhuwur, dene wong sijine luwih kuru lan untune mrongos.

“Piye Kil, pakaryan ngendi maneh saiki..?” pitakone Gogor
“Aku dak leren dhisik Kang..” semaure Cakil kanthi ndhingkluk.
“Geneya leren, ora butuh dhuwit po..?” “Ora ngono Kang. Anakku lara…”
“Anak lara, butuh ragad. Lha kok ora gelem tumandang ki piye..”
“Aku ora moh temandang, Kang. Nanging kahanane wis rada beda. Yen wingi-wingi awake dhewe wong pitu, gek gegaman kabeh. Lha saiki kari loro, sing lima ndhekem. Kuwi wae neng ngendi-ngendi wis dipleroki wong.” Celathune Cakil sinambi unjal ambegan.

“Makarya neng ndesa ta Kil. Sakkecekele, kewan ya dijupuk, rajabrana ya gelem. Sing jeneng wong ndesa ki padha wae. Biyen ora wani saiki wedi.”
“Wong ndesa saiki ya ora kurang prayitnane lho Kang. Opo maneh saiki sirahku lan sirahmu diregani loro setengah.”
“Bang Bayi… loro setengah..?”
“Iya… dene yen awake dhewe gelem pasrah menyang kantor pulisi, awake dhewe arep dingapura. Cilik ditahan ora pati suwe, gedhe dikon minggat adoh.”
“Temenan omonganmu kuwi Kil..?”
“Iya Kang..”

Gogor ngrogoh kanthong clanane, ngetokake pistol kang entuk ngrampas saka Plantungan. Banjur… dooorr… sikile Cakil ditembak. Cakil glasaran ing suketan ngampet lara. Gogor njupuk tali banjur kancane ditaleni tangan lan sikile. Cakil semaput saking kelaran. Gogor banjur nutupi raine Cakil nganggo plastik ireng.

Cakil kang tanpa daya mau banjur dipanggul. Alon-alon, wong lanang gedhe dhuwur mau mlaku mengetan kanthi manggul wong lanang ing pundhak kiwane. Kang dituju kantor pulisi Comal sing ora adoh saka kono. Saktekane kantor pulisi, wong kang dipanggul mau enggal diselehke ing sangarepe para pulisi kang lagi pada lelungguhan. Sakbanjure wong gedhe dhuwur mau celathu “Saya menyerahkan salah satu anggota Macan Ireng yang dicari pulisi. Ini namanya Cakil. Sekarang mana hadiah dua setengah juta buat saya…”

Sedjati – dzulqaidah 1427
————————————–

perhatikan truk tronton pengangkut peti kemas / kontainer di pelabuhan tanjung emas semarang yang kaca depannya bertuliskan “TOMBO ATI”. sopir truk tersebut berusia hampir enampuluh tahun, namun masih kelihatan kekar. ia tak mau bercakap-cakap pada setiap orang dan saya beruntung bisa ngobrol cukup lama dengannya. ia sebenarnya sangat ramah. sekarang ia dipanggil pakde sabar. perhatikan lengan kirinya, ada gambar tato kepala harimau berwarna hitam. kepadaku ia berpesan “kalo ada masalah apa-apa, cari saya aja ya dik…”

15 thoughts on “Baline Macan Ireng

  1. Kakaakin mengatakan:

    Maaf… saya nyerah deh, cuma paham tulisan yang ‘italic’ aja🙂

  2. New Bie oon mengatakan:

    walah ndalah… boso jowo yo… ora ngarti aq mas sedj.

  3. Hary4n4 mengatakan:

    Peh…ki mau tibak’e kisah nyata to, kang.. Aku penasaran karo terusane, akhire sido oleh duwit opo malah dipenjara…😀 

  4. wardoyo mengatakan:

    Mantep tenan.
    Kisah nyata sepertinya. Hidup dalam dunia hitam sepertinya memang seperti itu. Kalau sudah gak ada jalan, teman sendiri dijadikan makanan… ha..ha…

    Mudah-mudahan bangsa ini sudah lepas dari dunia yang hitam.

  5. zipoer7 mengatakan:

    Salam Takzim
    Tunggu terjemahannya ah, maap kaga ngerti nih dan maap baru mampir lagi nih
    Salam Takzim Batavusqu

  6. yusrizalfirzal mengatakan:

    Jujur mas, aku ndak ngerti sama sekali bahasanya. Pokoknya, jadikan blog ajang berlatih nulis. Sukses selalu. Ntar aku jg posting cerpen pertamaku. Kasih saran ntar ya…

  7. Mr.o2n° mengatakan:

    Wah musti pake translate dulu ni.
    Salam kenal aja.

  8. Abula mengatakan:

    Selamat siang,
    Selamat hari Selasa,
    Semoga tetap semangat dalam berkarya dan sukses selalu,

    Salam Hangat,
    AbulaMedia.com

  9. Dangstars mengatakan:

    jowo halus ora ngerti,, Mas
    tapi kalo dibaca jadi lucu

  10. katakatalina mengatakan:

    pengen paham sepaham-pahamnya cerita iki…😦

  11. oelil mengatakan:

    wah critane Gogor wes tobat tenan to…sokor lah nek ngono

  12. bundadontworry mengatakan:

    hiks….hiks….harus buka kamus dulu, baru ngerti
    salam.

  13. webpage mengatakan:

    Hmm is anyone else having problems with the images on this blog
    loading? I’m trying to determine if its a problem on my end or if it’s the
    blog. Any feedback would be greatly appreciated.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: